Pj
lelembut penunggu pohon bambu
kekekek.. hihihi.. auuuu...guk guk.. meong meong...preett..
balik maneh neng CENHORNI (CErita Niat HORor medeNI) karo aku ..
ceritane tentangg jagat lelembut penghuni wit pring mburi omah ku,
iki sak tenane cerito soal mantan omah ku, seng neng gedongkiwo, griya ne biasa tur mburi griya ku kui seng ombone luar biasa, iso dinggo lapangan futsal 10 paling dab :
mbiyen jaman aku cilik, suatu ketika mbakyuku ponakan ki turu neng omahku jaman e SMA, mbiyen nek ra salah SMA ne ki banguntapan 2 ki lagi wae digawe, cerita punya cerita, usut punya usut ternyata SMA banguntapan 2 ki asline SMA 12 Yogya, wkwk numpang promosi yoh
nah mbakyuku ki ngerasa aneh pas neng kamar e deknen, kui deknen pas dewe, aku lagi maen sega, dudu sega nasi sega seng dinggo maen mario buosss..
pas dibukak jendelane, mak pecun
gul ternyata ndas tok :
lha po ra jegagian mbakyuku mau, langsung mlayu neng kamar e ibuku, ndilalah aku yo melu mergo reti mesti mbakyuku mau diprimpeni memedi, soal e aku yo sering diganggu mergo omah ku mbiyen tipe jaman kuno, wc ne neng njobo jarak e lumayan adoh, aku tau pas mbuang najis kui ono sikil sreg sreg sreg, krincing krincing koyo wong dodol sate tapi sopo sing kurang gawean dodol sate neng mburi omah ku, goblok men
babagan liyo soal cerita penunggu wit pring, om ku tapi besan jenenge wisnu nam sebenarnya ( griya ne neng sebelah gubuk ku, jejer tapi let tanah 50 meter) nah deknen pas nguyuh neng kamar mandi kih weruh sesososk wong wedok neng pucuk wit pring, lha nek wedok tenan piye menek e, wong gerit e wae gatel banget, po meneh iso menek nganti duwur sanget
didelok delok kok yo mesem, pas om ku lagi nguyuh langsung ngomong "asu, aku ngompol mergo ndelok wujudmu". langsung kabur kui mau mlebu ngomah esuk esuk e deknen cerita kenapa mambengi geger. nah iki seng gawe desa ku mbiyen ki rame soal memedi
cerita liyane seng berkaitan karo penunggu wit pring mburi omah ku ki ngene,
pak heru nama sebenarnya ki lagi ronda, tengah wengi ki njumuk jimpitan, lha iya lak yo jumuk jimpitan, mosok yo ngintip seng ngekei jimpit!
nah pas lewat cerak omah ku ki mlipir neng mburi arep njumuk jimpit omah mburi, senajan ngono kok ndelok bu sarijan bukan nama sebenarnya."bu ajeng tindak pundi kok wengi wengi mlaku mlaku". jebul bu sarijan mau meng mesem tok. kan yo curiga karo mlaku ne miring nutupi geger e, bar kui pak heru ngomong ra digagas yowes toh yo lanjut njumuk jimpitan, balik deweke neng daerah ngarep omah ku, bar kui penasaran kok mlakune bu sarijan mau miring, mlengo mburi, jebul gegere bolong njuk ngilang dewe.
bar kui pak heru kapok ronda, jimpitan beras mau digowo muleh
tapi nek aku seng ngalami tetep wae iso modar tutur ku seminggu .
asline jek akeh babagan soal jagat lelembut wit pring mburi omah ku,
tapi sakmono wae.
nek ra serem nyuwun pangapunten, jenenge wae cerita, coba ngelakoni dewe, hehehe...
Komentar
Posting Komentar