Dkrk
Ditimbali Kanjeng Ratu Kidul
Manggone ing bangunan kuna tinggalan jaman Landa sing katelah Kamar Bola. Dijenengi Kamar Bola jarene merga dhek jaman penjajahan Landa biyen papan kono kuwi mujudake gedhung kanggo main bola sodhok utawa billiard. Sawise Indonesia merdika gedhong Kamar Bola iku banjur digunakake kanggo sekolah SMA partikelir, lan pener, Benteng Walanda banjur dibangun dadi Masjid Raya Klaten.
Bangunan Kamar Bola kalebu bangunan kang wingit. Akeh lelembut kang manggon ing omah kuwi. Ewasemono wong tuwane Bambang sak kulawarga ora wedi mapan ing seperangan bangunan kuwi minangka tukang kebon sing kejibah reresik lan nunggoni Kamar Bola sakpekarangane. Diwedeni maneka warna lelembut, dikeloni gendruwo, utawa dipindhah mapane turu menyang papan-papan sing nylempit utawa ing wuwungan omah wis asring dialami Bambang wiwit isih cilik. Nanging ya ora ndadekake kapok, malah kaya-kaya bab kuwi kaya gegojegan.
Prastawa iki dumadi ing taun 1976, nalikane Bambang isih bujang lan wong tuwane sing sithik-sithik ngerti carane nyrawungi alaming lelembut isih sugeng.
Sajroning selapan dina wis kaping telu Bambang ditekani pawongan kang nyandhang cara prajurit kraton nitih kreta kudha. Prajurit-prajurit kuwi ngajak Bambang supaya gelem sowan marang Kanjeng Ratu Kidul ing Kraton Segara Kidul. Nanging Bambang ora mangsuli. Saguh ya ora nulak ya ora. Wekasane kaping telu prajurit-prajurit sing ngaku utusane Kanjeng Ratu Kidul kuwi kepeksa bali nglenthung ora oleh gawe.
Nalika kedadeyan kuwi dicritakake marang bapake, bapake mbenerake sikepe Bambang sing ora njawab pangajake prajurit-prajurit saka alam gaib kuwi. Sebab yen Bambang nganti njawab lan gelem melu mbok menawa Bambang ora bakal bisa bali mulih.
Kaping telu utusane Kanjeng Ratu Kidul cabar ora oleh gawe ngajak Bambang sowan ngabiyantara. Dumadakan ing sawijining wengi, kira-kira jam siji nalika Bambang lagi teturon ing lincak teras omahe, ngerti-ngerti kok wis pindhah lungguh ing gisiking samodra Segara Kidul. Banyu kang jembar alerap-lerap, ombak kang oyak-oyakan dhuwure saomah-omah, lan nuwuhake swara jumlegur yen padha tabrakan, gumelar ing pangarepane.
Bambang dicandhak, diangkat mendhuwur kanthi entheng, banjur diuncalake sakayange menyang tengahe samodra sing lagi rob.
Durung entek gumune lan durung nganti kecekel ngira-ira posisine mapan ing perangane Segara Kidul sisih ngendi. Ora ngerti sangkan parane, dumadakan ana piyayi sepuh marani Bambang. Piyayi sepuh kuwi jenggote dawa wis putih kabeh, nyandhang penganggo cara sunan jaman mbiyen, jubah lan serban sarwa putih, nggawa teken dawa gilap warna kuning emas.
“Mengku karep apa kowe tekan papan kene?” pitakone piyayi sepuh kuwi.
Bambang kaget nampa pitakonan kuwi. Rumangsa dheweke ora sengaja mapan ing papan kono. Bambang banjur njawab sak kenane: “Kula namung pengin ningali samodra Segara kidul ingkang nembe rob.”
“Ngerti samodra lagi rob kok malah ditonton. Apa Kowe ora ngerti bebayane? Ngertiya, kowe bisa kesaut ombak lan keseret alun tekan tengahe samodra? Yen kepengin slamet kowe sumingkira saka papan kene! Kana minggir ngadoh saka gisiking samodra sing lagi rob nggegilani iki!” prentahe piyayi sepuh kuwi ngeman marang keslametane Bambang.
“Mboten, Kyai, kula mboten badhe kesah saking papan mriki. Kula mboten ajrih sanajan ningali alun samodra agengipun sakgunung-gunung,” wangsulane Bambang mbeguguk ora gelem lunga.
“Dikandhani wong tuwa kok ora manut. Apa Kowe njaluk tak uncalake ing tengahe samodra kana?” kandhane piyayi sepuh kuwi karo ngancam.
“Sumangga menawi Panjenengan kagungan kersa mekaten. Nanging kula tetep mboten badhe kesah saking papan mriki,” panantange Bambang.
Entuk wangsulan sing sajak nantang, piyayi sepuh kuwi kanthi praupan kang nandhakake lagi duka banjur marani Bambang sing isih lungguh sila ing wedhi. Bambang dicandhak, dijunjung dhuwur kanthi entheng, banjur diuncalake sakayange menyang tengahe samodra sing lagi rob. Awake Bambang kemleyang tiba ditampani alun kang gedhene sakgunung anakan, banjur diseret ing tengahe samodra.
Kedadeyan kang aneh ngelok-eloki dialami Bambang. Arep ora percaya, nyatane Bambang rumangsa ngalami. Arep percaya, kedadeyan iki kok kaya mokal lan ora tinemu nalar. Nanging kabeh kuwi yen Gusti Kang Maha Kuwasa sing ngersakake, ora ana barang mokal sing ora esoh klakon.
Sawise diuncalake dening piyayi sepuh sing nyandhang kaya cara Sunan, Bambang weruh banyu Segara Kidul kaya mbiyak dadi rong perangan kiwa tengen. Bambang tiba ing tengah-tengahe sing ora ana banyune. Wangune tengah-tengah kuwi mujudake dalan kang nuju ing Kraton Segara Kidul. Dalan kuwi dumadi saka lemah sing alus lan ora kena banyu. Garing ora teles. Bambang banjur mlaku tumuju regol kraton sing wis wiwit katon ing jarak udakara satus meter adohe. Sajroning mlaku nuju regal Kraton Segara Kidul kuwi Bambang krungu swara pating bengok ing kiwa tengen lan ing mburine Bambang. Swara-swara kuwi ana sing nyeluki jenenge Bambang, ana sing sambat-sambat njaluk tulung kaya swarane wong-wong sing lagi kerem keseret ombak.
Ngrungokake swara-swara sing pating bengok kuwi Bambang kaya meh ora kuwat, kepengin noleh banjur aweh pitulungan. Nanging Bambang sadhar yen swara-swara kaya mengkono kuwi biyasane mung mujudake panggodha sing yen dituruti mung bakal nyilakani. Pungkasane Bambang nggedhekake tekad kanggo terus maju sowan Kanjeng Ratu Kidul lan ora ngrewes sakehing swara panggodha senajan nangis ngrerintih njaluk tulung utawa celuk-celuk jenenge memba swarane wong sing wis dikenal.
Tekan regol kraton kapisan Bambang dicegat prajurit jaga cacah loro sing siyap siyaga nggawa gaman tumbak lan tameng.
“Mandheg dhisik, Kisanak! Kowe arep mlebu Kraton Segara Kidul, apa keperluwanmu?” pitakone prajurit jaga sing brengose sakepel.
“Kula badhe sowan Kanjeng Ratu Kidul. Awit sampun kaping tiga kula ditimbali Kanjeng Ratu, nembe saged sowan sakpunika,” wangsulane Bambang.
“Yen pancen sowanmu merga ditimbali tak paringi palilah, nanging kowe kudu laku ndhodhok. Ora kena mlaku ngadeg kaya wong ora duwe sopan santun arep ngadhep ratu. Lan Kowe ora kena dlajigan sakarepmu dhewe. Ngerti, Kisanak?”
“Inggih kula mangertos lan badhe ngestokaken dhawuh lan nggatosaken pesen Panjenengan,” wangsulane Bambang.
Bambang banjur mlaku ndhodhok tumuju Kraton Kidul. Ana regol cacah telu sing kudu diliwati Bambang. Telu-telune dijaga prajurit sing gagah lan nggawa gaman tumbak lan tameng. Sawise ngliwati regol sing kaping telu Bambang mlebu plataran kraton. Nyawang mengarep Bambang weruh wewangunan kraton saka ngisor nganti ndhuwur, saka pondhasi nganti atap sirap bangunan kabeh katon putih sing digawe saka balung-balung manungsa sing ditata rapi. Senajan bahane digawe saka balung menungsa nanging katon rapet lan pengkuh.
Mlebu pendhapa kraton Bambang wis ditunggu Kanjeng Ratu Kidul sing lenggah ing dhampar kencana. Dhampar lenggahane Kanjeng Ratu Kidul dawane kira-kira karo tengah meter. Tanganane dhampar kaentha ukiran ula. Kabeh warnane kuning mengkilap digawe saka emas. Kanjeng Ratu menganggo sarwa ijo, rikmane diore dawa ngagem makutha emas. Ing kiwa tengene Kanjeng Ratu lungguh dhayang-dhayang patah sakembaran sing ayu-ayu rupane, umur kira-kira sangang taun. Kanjeng Ratu banjur ngawe Bambang supaya nyaket.
“Bambang, tekamu mrene pancen tak kersakake merga aku ngerti kowe bocah enom sing sregep tirakat lan laku prihatin. Nanging sadurunge aku wawan pangandikan karo kowe sing akeh-akeh, kowe tak keparengake mubeng lingkungan kraton kanggo nontonnonton kahanane Kraton Kidul kene.” Bambang matur sendika lan banjur pamitan arep nonton-nonton kahanane kraton.
Ing mburi kraton Bambang weruh ana dhapur kang jembar banget. Nalika mlebu pawon Bambang kaget meruhi ana pawonan cacah telu sing gedhe – gedhe lan genine tansah murub amarga terus disugoni bahan bakar. Anehe bahan bakar sing kanggo ngurubake pawonan kuwi ora saka kayu utawa karet nanging balung-balung jrangkonge manungsa. Ing sacerake pawonan ana pasedhiyan tumpukan balung-balung jrangkonge manungsa sepirang-pirang sing siyap disugokake ing cangkeme pawonan sing katon panas geni mulat-mulat. Bambang rumangsa miris banjur age-age metu saka dhapur raseksa sing nggegirisi kuwi.
Ing mburi dhapur katon ana paviliun sing akeh cacahe. Ana paviliun mligi kanggo wong lanang, ana paviliun mligi kanggo wong putri, lan uga ana paviliun mligi kanggo nom-noman setengah tuwa sing rupane bagus-bagus lan ayu-ayu. Lan sing gawe mirise ati ing kono uga ana bangunan gedhe kanggo papan panyiksan. Ing papan iki akeh wong disiksa. Tangan dirante digantung munggah, banjur wong-wong sing mung nganggo kathok cendhak ireng kuwi awake sakujur dipecuti nganti getihe mili pating dlewer. Ganda amis nduleg irung. Jerit-tangise ngebaki ruwangan gawe melas wong sing ngrungokake. Bambang ora betah suwe-suwe ing papan kono, dheweke banjur metu.
Sawise dirasa cukup anggone ngubengi lingkungan kraton Bambang banjur bali sowan Kanjeng Ratu Kidul. Kanjeng Ratu lan dhayang-dhayang patah sakembaran isih lenggahan nunggu sowane Bambang.
“Kowe wis ngubengi kabeh lingkungan kraton. Saiki aku arep nerangake apa sing wis kok weruhi nalika mubeng-mubeng mau,” ngendikane Kanjeng Ratu sawise Bambang bali sowan ngabiantoro.
“Wong-wong sing ana paviliun mburi kae mau wong-wong sing kalap ing papan kene lan tak kersakake dadi kawulaku. Dene nom-noman bagus-bagus lan ayu-ayu ing paviliun sing kok weruhi mau bocah-bocah sing banget ditresnani bapak-ibune ngungkuli tresnane marang anak-anake liyane nanging tak kersakake dadi kawulaku ing kene. Ing kene nom-noman kuwi uga dadi abdi kinasihku. Mula wong-wong tuwa sing anake padha kalap ing kene ora perlu susah merga ing kene anak-anake iya entuk panguripan sing kepenak.
Dene wong-wong sing padha disiksa kae wong-wong sing padha wani nantang aku, lan padha dlajigan ing papanku, apa maneh padha tumindak saru ing papanku sing tak anggep suci.
Banjur wong-wong sing mung katon balung-balung jrangkong sing padha didadekake bahan bakar kanggo ngurubake pawonan ing dhapurku, kuwi wong-wong sing padha golek pesugihan ing tanah Jawa sing wis tekan janjine. Pancen kanggone wongwong sing padha kepengin sugih kanthi gampang, ora gelem nyambut gawe kanthi rekasa, ing tanah Jawa kene iki wis tak gelar papan-papan kanggo golek pesugihan. Iki pinangka pacoban marang imane manungsa. Yen wong kuwi wis tekan janjine, wong kuwi bakal digawa mrene disiksa dadi bahan bakar pawon gedhe sing genine panas mulat-mulat kuwi mau, ngendikane Kanjeng Ratu Kidul njelasake werdine apa wae sing wis diweruhi Bambang ing papan kono.
“Piye, Mbang, apa kowe kepengin sugih mblegedhu sarwa turah, nanging pungkasane dadi bahan bakar disugokake ing pawonan kaya wong-wong kae mau?” pandangune Kanjeng Ratu marang Bambang.
“Mboten, Kanjeng Ratu. Kula mboten kepengin sugih yen samangkenipun namung dados hurub-hurub pawonan ingkang sakelangkung panas. Kula trimah dados tiyang ingkang gesang cekapan, syukur tirah saged kagem sodaqoh,” wangsulane Bambang.
“Yen ngono aku mangestoni. Sabanjure aku marengake kowe bali nyang ngomahmu. Nanging welingku sing perlu kok gatekake: Sepisan, yen kowe kepengin ketemu aku, yen ora dhong pinuju pisowanan aku bakal teka nemoni kowe. Syarate kowe kudu sesaji: sega putih, banyu putih, kopi pait, gedhang mas digawe kolak ora nganggo gula, iwak ayam dhadha menthok, menyan lan merang pari ketan ireng. Kaping lorone, pesenku kowe mengko yen bali mulih sajroning njangkah 100 meter sanjabane regol, senajan krungu swara apa wae aja menga-mengo lan aja nyaut utawa mangsuli senajan krungu swara celuk-celuk jenengmu. Wis saiki kowe tak tundhung bali saka papan kene. Aja kesuwen mapan ing kene, iki dudu papanmu!”
Sawise ngaturake gunging panuwun lan nyuwun pamit, Bambang enggal-enggal ninggalake Kraton Kidul kanthi laku ndhodhok nganti tekan regol sing pungkasan. Sawise ngliwati regol Bambang mlaku biyasa ing dalan sing kiwa tengene banyu segara ngilak-ilak kanthi ombak gedhe siyap arep nglelep dalan kuwi nanging ketahan sawijining tembok sing ora katon. Ing samburine Bambang lan sakiwa tengene keprungu jumerite wong-wong bengok-bengok njaluk tulung kaya lagi glageban keseret alun ombak samodra kang lagi rob. Nanging nuhoni welinge Kanjeng Ratu Kidul Bambang ora ngrewes swara-swara kuwi mau kabeh. Sakjane abot yen dirasakke nanging ngelingi yen kuwi mau kabeh mung godha Bambang nahan rasaning ati. Lakune madhep mantep tumuju ngarep arah mulih nyang ngomahe dhewe.
Entuk 100 meter langkahe Bambang saka regol sing pungkasan, dumadakan ana angin gedhe sing tumiyup santer mbuncang Bambang mumbul angkasa. Ngerti-ngerti Bambang wis bali turon ana lincak ing emper omahe. Alhamdulillah Bambang ngucap puji syukur marang Gusti kang akarya jagad lan isih tetep nyayomi dheweke sawise nglakoni kedadeyan sing luar biyasa.
Seminggu sawise kedadeyan kuwi Bambang nemokake pusaka loro cacahe ing ngarep omahe nalika lagi mbukak lawang ing wayah esuk. Pusaka kuwi diwenehi jeneng Keris Kiyai Nagagini sing dawane kira-kira sangang senti meter lan Tumbak Kiyai Cacing Kanil sing dawane kurang luwih wolung senti meter.
Komentar
Posting Komentar