Gunung njemono

★GUNUNG NJEMONO★

Gunung iku manggon ing telatah sooko, bagian serayu sak lor'e desa jurug. Dek jaman semono ono cerito sangkeng mbah buyut. Cerito isih simpang siyur, tenan orane isih dadi angen-angenne wargo sooko bagian etan. Mulo sangking critane poro wargo aku dadi penasaran, aku banjur takon marang pak dhe ku jurug ngenani gunung njemono iku.
Pitakon ku marang pak dhe” pak dhe, aku mrene arepe takon. Ngenani cerito gunung njemono seng ono mitose iku. Opo yo tenan seng marang mbah" buyut mbiyen" pak dhe ku kaget marang pitakonku, pak dhe ku langsung njawab" lha nyapo le kok pengen ngerti cerito iku" aku njawab " aku pengen ngerti cerito sak nyatane gunung njemono iku lan deso jurug. Pak dhe ku langsong njelentrehno pitakon ku mau" oh ngene le,,, ceritane gunung njemono lan deso jurug iku baklan kedadean ngelanggar aturan-aturan ndannyangan gunung iku. Mitose mbesok ing sak rejane jaman sebagian deso ing sooko arep kena bencana gedhe, terutamane deso jurug, ndalangan, sombro, bedhoho, kelepu lan wates. Ceritane gunung iku nak ora di wei tumbal wedus kendhit saben dhino tertentu bakalan gemplah utowo mengkap-mengkap lemah'e. Pak dhe ku meneng sak kecap, banjur tak takoni maneh."hla trus ngenani tongkat sing di ancepne ing kana ,jare warga iku,,pak dhe ku sumaur maneh"teken iku jarene uwujud kaya ula,sing di seleh ing sawah jurug sanding kuburan,utawa bisa di arani danyangane desa jurug.di critakne mbesuk yen ana sak rejane jaman ana prmuda sing bisa nyabut tongkat iku.banjur mitose bakal mili banyu lan bisa bisa dadi sumber telaga,,iku nek miturut mbah buyut ndisik,aku di ceritani warga mbiyen,,pakdhe ku njelasne panjang lebar..aku kelar ngantuk ngtungokne ceritane pakdhe ku.
Aku dina iku seneng bisa ngerteni cerita saka pakdheku.sing omahe ana ing desa njurug.aku langsung pamitan mulih dina iku ,mergane wis arep maghrib.
Bengine aku dadi penasaran apa ya tenan yen ana tongkat sakti sing di ceritakke pakdhe mau.aku langsung nduweni rencana lan ngabari kanca kancaku,aku pengin nge-trip ing gunung njemono iku..dina sesukke aku lan kanca kancaku sing jenenge 'rohmad,aris,dwi,bayu,lan arif' budhal jelajah ing gunung njemono iku,ana siji kancaku sing paling wedhi mrono,jarene ing kono angker lan akeh lelembute.sing sok melu mulih.tapi dhewekke tak peksa ,yen ora gelem melu ora tak jak kanca maneh..aku takon marang kanca ku sing papat mau.."sopo manehh sing wedhi munggah nek gunung njemono,omongo saiki??.nek podho wedhi aku arep munggah dewe kari rohmad,,aku macak kendhel.tapi nek atiku asline wedhi,drandapan..
Akhire aku lan kanca kancaku sida munggah ing puncak gunung njemono iku.aku clingak clinguk karo nggolekki tongkat sakti jare pakdheku,tapi kancaku ora weruh yen tujuwanku mrono,ora kok berwisata tapi nggolekki rasa penasaranku mau.aku nek kono foto foto karo lancaku,,sakwise teka ngomah aku ndiloki hasil fotoku mau aku langsung njengkilat gemeter nalika weruh salah wijine fotoku,lan kancaku ana penampak ane,rupa wong wadon sandhangan putih,ana ing mburiku pas..langsung dak busak fotoku mau,mula saka kedadeyan iku rasa penasaranku tak prei ni,,lan kapokk tumekan saki..
Kembang tebu dandang gula,cekap semanten bu cerita kula.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Motto dan prinsip spa_pnsi

Aji kalacakra

Dkrk